NANGNINGNUNG
Ngung………ngung…..ngung
Sirahku sirah wuyung
Sirahku sirah bingung
Atiku ati wuyung
Atiku ati bingung
Nalarku nalar wuyung
Nalarku nalar bingung
Rasaku rasa wuyung
Rasaku rasa bingung
Pung-pung nong pung-pung kung
Swara bendhe kumalungkung
Pung-pung tlak pung-pung gung
Tak etung tak petung
Lingsir wengi tambah ngungkung
Nanging aku tambah njethung
Kilwak kilkung kilwak kilkung
Sikil awak dak telikung
Nganti kaya pitik ingkung
Pung-pung plak pung-pung dhung
Swara kendhang bonang barung
Rebab gambang siter demung
Wanciki keplayu munggah gunung
Wong-wong gunung judhek bingung
Lung……litlung…….litlung
Jaman sulit jamane gemblung
Jare silit dienggoni kalung
Tutupe jarit lendhang lan sarung
Dhasar patrape togog lan mbilung
Buto cakil kok dijunjung-junjung
Dadek’ke wakil kanggo tetulung
Delengen polahe cakil kang mbambung
Prasasat lamuk ambengungung
Ngisep daging getihku
Ngisep daging getihmu
Ngisep daging getihe biyung
Delengen polahe cakil kang mbambung
Wadhuk’e tambah mblendhung
Aku lan kowe kari kulit buntele balung……..
Demak, Agustus 2002
TOBIL ANAK KADHAL
BIL TOBIL ANAK KADHAL
DADI WAKIL KLAKUAN KOYO BRANDHAL
BIL TOBIL ANAK KADHAL
KOYO CAKIL SIYUNGE
BIL TOBIL ANAK KADHAL
DADI WAKIL MUNG KANGGO GOLEK MODHAL
BIL TOBIL ANAK KADHAL
SABEN DINO SING DIPIKIR WETENG BANTAL
EEEE………………YA….IYO………….
EEEE………………YA….IYO………….
WAKILE KOYO KADHAL
Jepara, mbuh kapan
Lakuku
Lakuku ing wengi iki
Sasat aji godhong jatiakaing
Kang keplindhes rodhane para durjana
Utawa kepidak sepatu Lars’se mantri alas
Ya swaraku kang muntel sak dawane gurung-gurung
Kebentus sandhung kepapak pongahe watu item
Ambegugug ngutho waton, nutupi dalane pangrungon
O, laku, laku lelakon
Apa isih ana wigunane,
Nrabas wengi nyabrang iline wayah
Yen rowang-rowang disanak dikadang
Mung apepindho macan galak saka sabrang
ee….., ora ………..!
Iku mau dudu macan
Dudu sardulo, dudu sima
Amung tikus kang keplayu kecirit keprungu swarane manuk tunggak
Citcitcuit………..citcitcuit………..crit…..crit….!
Nanging tikus sak iki anggilani
Nganggo topeng macan, klambi kebo utawa jaran
Nanging tikus saiki wus kuwasa
Linggih methingkrang sak dhuwure dampar kencana
Nyebar sabda, tigas gulune para kawula
Banjur lakuku wengi iki netepi garising lelakon
Mung bisa jumangkah alon-alon
Sinambi nembang tembange bocah angon
Sanadyan ora bisa kanggo kaca pengilon
Jepara, Agustus 2002
GEGER
Simbah nate crita
Rikala semana ana geger Diponegoro
Wong jawa dhelik’an karo landa
Ten pinaten
Keris mungsuh bedhil dawa
Sapa lena kena
Sing waspada tetep waluya
Anyedhaki jaman padhang
Ana maneh geger Jepang
Awak kate kulit semu abang
Sing digawa bedhil lan pedhang
Geger Jepang meh kamardhikan
Tanpa wayah bengi lan awan
Nganti larang sandhang pangan
Banjur sewidak
Gegere luwih misuwur
Jarene pilem, Jendral urip-uripan kang dikubur
Dadi congkrahe kadang sedulur
Nganti lali sawah durung tandur
Jebul geger ora mung kuwi
Uga klakon ing jaman sa’iki
Gegere wong-wong kang mblenjani janji
Saben dina rebutan kursi, bandha tali asih bandha tali pati
Nganti kebak Koran lan tipi
Jepara, Mei 2001
KANJENG
Kanjeng !
Nalika petenge wengi
Lumuber ing pucuk’ing ati
Sapa pawongan kang bisa angoncati
Ora !
Ora bisa, Kanjeng
Yen Pranyata astaMu
Wus kumawasa sigra mrawasa karsa
Tan ana janma sawiji
Sipat limpat lumumpat hangleliwat
Bener !
Pancen bener Kanjeng
Sanadyan padhang gerawangan
Soroting sang sasikirana
Ora bakal bisa asesulam
Sunaring hyang Bagaskara
Pramila Kanjeng
Samengko aku mung bisa atur
Sumangga angga !
Kadilangu, agustus 1999
TRESNA DALUWARSA
Oo……
Esemmu kang kumanthil ing layung sore
Ngiringake soroting mripat klerap-klerap
Nyawang aluning rasa
Tumumplek sak jembaring segara
Satemah prabanging sunar surya kekunduran
Manjalma paes ageng, sigra ngrias ayuning pasuryanmu
Kadyo widodari nelik sandhi
Oo…….
Kang durung ilang pupuk lempuyang lan gandaning kencur
Panjalukku tulus mring sliramu
Becik dirampungi anggonmu agawe runtik’ing ati
Amarga dalanku kang nate tumata
Wus banget kebacut dawa
Iki wanci kari manganti
Tedhak’ing kreta titihan
Lakuning sukma misowan
Prapto Ingkang Kagungan
Oo…….
Rasa tresnaku wus kadaluwarsa
Jepara, Agustus 2000
SANG GURU SEJATI
Miturut pandoming lelaku
Sang Guru
Sing digugu lan ditiru
Nanging jaman
Jeneng guru ora sangsaya becik
Malah sangsaya morak-marik
Amarga ora sethithik
Pawongan kang kadung serik
Mbuh aku ra genah…………!
Sapa bener sapa sing salah
Kalamangsane pancen
Akeh kedadeyan kang ora lumrah
Sang guru mulang sangsaya wegah
Jalaran muride kakeyan polah
Keset sinau keser sekolah
Jan………….jan………..!
Jamane pancen
Bocah sekolah lali kuwajiban
Ora sinau malah ndem-ndeman
Ngombe spiritus nguntal pil setan
(Jare nganggo dicampur Autan)
Jan…………jan………….!
Prawane kok ya moh ketinggalan
Saben wengi padha kleleran
Melek wengi lemek’an Koran
Mbukak dhasar ning pinggir dalan
Dhuh……… emane – eman !
Jebul gurune sing dadi langganan
Oalah……….. gusti……….gusti………. !
Iki jaman kok ngedab-edabi
Apa iki sing diarani
Budhaya tipi lan pisidhi
Nanging sak begja begjane wong kang lali
Isih begja wong kang eling lan premati
Isih akeh guru suci, guru sejati
Mulang wuruk niate ngabekti
Tumrap bangsa nagari lan Illahi Rabbi
Sanadyan ora tau mlebu Koran lan tipi
Jepara, November 2001
AJAR KATRESNAN 1
: FIT
Aku mung kepingin sinau
Nandur katresnan marang sliramu
Katresnan kang ora kudu
Ginondhelan rasa cemburu
Klebating klerap sorot mripat
Muga dadya jimat
Bakal dak sandhang dak semat
Lumantar angin ngelus dawaning rambutmu
Aku mung kepingin sinau
Nandur katresnan marang sliramu
Njejer raga kang geter
Medhar ati kang gemeter
Nyampurnakna panandhang wuyung
Nadyan tanpa tembang gandrung
Aku mung kepingin sinau
Nandur katresnan marang sliramu
Katresnan kang ora kudu
Nyawiji ing segara madu
Jepara, September 2002
AJAR KATRESNAN 2
: YAN
Nyawang garising latimu, wong manis
Nalika surya ambles ing gisik’ing samudra
Lintang panjer sore keplayu
Ngoyak lakuning layung sutra
Banjur kandheg mbegeg sesenggolan
Manganti plethek’ing rembulan
Esemmu kang tansah ngreridhu ati
Rengeng-rengeng tetembangan lelagon wengi
O… Yayi,
Ojo gumun aku nandhang katresnan iki !
Jepara, September 2002
AJAR KATRESAN 3
: NI
Upama isih ana papan
Kanggo sejatining rasa karerasan
Aku suka parisuka nandhang lara lapa
Ijen; tanpa rowang tanpa kanca
Nalika rasa tresnaku kadung kepalang dina
Jepara, September 2002
LELAKON
Iki lakon reformasi
Ono priyayi siji dikuya-kuya wong sak nagari
Amarga kalimputing korupsi
Bandha pertiwi anggepe pribadhi
Kawula dasih tan dirumati
Sing kaeling mung ngempani
Estri wayah lan siwi
Wadhuk’e nganti minthi – minthi
Eee…….ndilalah kersaning Gusti
Sang priyayi kang lali ing gati
Kabodhol saka kursi
Kabuncang …………..bruk
Ndrebabah handhepani bumi
Sak iki lakon pemilu
Kawula alit padha ngelu
Kawula ageng andum padu
Celature tan bisa di tiru lan dipaelu
Sangsayari sangsaya ngelu
Wingi telu dadi patang puluh wolu
Sauntara iku
Beras uyah sangsaya ra tinuku
Sik ……..sik…….sik……….
Lha iki lakone apa ?
Yen sesuk aku ra bisa makarya
Amarga ordere juraganku ra tinampa
Jare pemilu gawe jirih para walanda
Dhuh………… pak dhalang
Apa iya
Pemilu gawe cintrakaning kawula ?
Jepara, April’ 99
Tidak ada komentar:
Posting Komentar